Friday, February 3, 2017

Ngempukake Watu Gilang



Wong urip ing ndonya kabeh nduwe prekara, bisa gede uga bisa cilik perkara iku. Dene gede lan cilike prekara gumantung kapribadene sawijine pawongan, unen-unen “manungsa iku papak ora padha” tegese kanggo mbedaake wong siji lan sijine.

Yen nduwe perkara ana kang nangis gulung koming, nanging uga ana kang nganggep enteng perkarane iku, mulane kanggo kang nduwe panganggep ngono iku iso diarani “Ngempukake Watu Gilang” yen perkara iku ora enggal diprantasi malah bisa gawe rekasa ing uripe. Tuladhane; nduwe utang wus wayahe mbalekake utawa nyicil setoran. Yen nganggep enteng kamangka durung nyekel nduwit kanggo mbalekake, nanging antheng bae ora samar yen wus wayahe mbalekake bisa mbalekake, malah mikir nggampangake, engko ana dalane. Pamikir kang kaya mangkono iku genah ngempukake watu gilang. Barang kang atos lan abot dianggep enteng lan bisa mrantasi gawe.

Suwalike ana kang nduwe prekara crimen, ora nguwatiri nanging dianggep gede lan mbebayani, wusana pawongan iku banjur mbingungi lan was sumelang kang kudune ora perlu di sangga abot. Ana kadadeyan ing sawijine panggonan, sawijine ibu kang kagungan putra wus ngancik purwaning dewasa. Bocah iku lunga menyang nggone kancane, adat saben yen anake dolan tabuh pitu mbengi mesti wus bali. wektu iku ibune bingung amarga wus tabuh wolu durung mulih. Panyakrabawa kang ala banjur tukhul ing batine, aja-aja, gek-gek, mbokmenawa lan sapanunggalane kang sarwa negative tumemplek ana atine. Wusana ndadekake gorehing panggalihe. Kamangka anake iku sejatine ora ana apa-apa, amarga dina iku wayahe kumpulan Karang Taruna mula banjur mangkat kumpulan karo kanca rowange kang diparani iku.

Kanggo nggambarake pawongan kang nduweni watak kang kaya mangkono iku ing pewayang bisa njupuk Dursasana, saka tembung "Dur" tegese ala lan "Sasana" tegese papan. Dursasana nduweni teges papan kang ala, utawa rusak. Mula bisa disimpulake menawa dursasana iku watak candala, tumindak nista, lan tansah gawe rusak lan bubrah tatanan ana ing sadengah papan.

Dursasana iku putra angka loro Prabu Destarata lan Dewi Gandari. Kagungan Kastariyan ing Banjarjunut, watake kemaki, gumedhe, sembrono, seneng ngomong banter, rumangsa paling kuwasa, seneng nggeguyu wong liya, ngina marang sapadha-padha.

Kacarita menawa Dursasana gawe wirange Dewi Kunti ana ing Bale Paseban Agung Hastina. Dewi Kunti diarani kenya kang seneng sedheng, Amarga lingsem, Dewi Kunti nduweni sumpah, ora bakal mati sakdurunge keset ndase Dursasana lan ora bakal gelungan gawe pangiket rikma yen durung kramas ludirane Dursasana.


Wayang laokn "Jambakan", Dursasana di pateni dening Werkudara, amarga ngina bapake yaiku Prabu Pandu lan Ibune Dewi Kunti. Wektu iku Werkudara muntab banjur ngangkat Gada Rujakpolo, Dursasana kaweden banjur mlumpat kali Cing-Cing Goling, kangka wus dadi Kersane Hyang Widhi, sapa bae kang mlumpat ing kali Cing-Cing Goling bakal ilang daya kasektene.
Ijih kurang trima amarga Rama Ibune di ece Dursasana, mula Werkudara banjur ngece uga menawa bapake Dursasana yaiku Prabu Destrarata iku wong wuta. Ora trima ramane di ece Werkudara mula Dursasana banjur wani lan ngajak perang tanding mungsuh Werkudara. Ing kono Dursasana di jambak, di kepruk nganggo Gada Rujakpolo, dirusiya, ditugel tangane, ditugel sikile lan ditugel gulune nggunaake Kuku Pancanaka. Dursasana tumekeng pralaya, Kunti banjur nindaake sumpahe yaiku keset ndase Dursasana lan kramas getihe lan uga Dewi Drupadi kang wus nate di gawe isin lan wirang. Dewi Drupadi rikmane tau dijambak malah wus tau meh bae digawe wudha blenyen ana ing ngarsane para Pinisepuh Astina, nanging wektu iku kapenggak lan kabiyantu Batara Darma.
 Saka carita wayang ing nduwur bisa dijupuk werdine menawa sapa bae iku aja anggegampang prekara, saka pacelaton kang ora bener bisa agawe bebaya tumrap diri pribadi. Dursasana tuladhane, amarga nduwe panguwasa, banjur watake, sapa sira sapa ingsun, ucapane saksenenge udele dewe, mula banjur mblaeni. Tiwas tumekeng pralaya saka pangucape dewe. 

Urip bisa ayem lan tentrem dumunung saka ati lan pamikire dewe, ora becik sembrono ing pangucap lan pakarti. Nanging uga ora bener lan pener yen tansah cubriya marang wong liyan. Kabeh kudu ditanggapi kanti prasaja, ora sembrono nanging uga ora nduwe panyakrabawa kang ala tumrap liyan. ana unen-unen basa Pali kaya ing ngisor iki.
"Dewee ngina aku, dewee nuthuki aku, dewee ngalahake aku, dewee njupuk duwekku", angger sapa bae isih nyinggahake pamikir kang mangkana iku, rasa sengit ora bakal ilang.
  
 "Dewee ngina aku, dewee nuthuki aku, dewee ngalahake aku, dewee njupuk duwekku", angger sapa bae ora nyinggahake pamikir kang mangkana iku, rasa sengit bakal ilang.

Dewi Kunti lan Dewi Drupadi kang nduweni sumpah ora bakal ilang rasa serike marang Raden Dursasana minangka patuladhan, semono uga Raden Dursasana tumeka ing lalis, saka pangucape dewe. Mula oreging Nagara Astina bisa pecah perang Baratayuda Jayabinangun salah sijine sabab uga amarga rasa pangrasa kang kebak ing rasa sengit, ora seneng lan gething. Kamangka Pandawa lan Kurawa iku ijih sanak kadhang, tunggal trah Astina saka Raden Pandu Dewanata lan Prabu Destrarata, tunggal bapa biyung.
Kadadeyan jaman ing saiki uga akeh banget kang njumbuhake karo carita ing nduwur. Amarga ora seneng, amarga rasa sengit mula ana paprangan gede. Saya maneh ana pakumpulan-pakumpulan agama kang ora bisa nampa kapercayan liya. lan nganggep sapa kang ngrasuk agama liya iku mungsuh, mula terus bae ana padudon, paprangan, pada nganiaya, merjaya agawe pepati wus asring kalakon. Kabeh iku mung rasa cubriya, samar was sumelang yen bakal diasorake, di kalahake, lan dirapas barang duweke. Malah ing Nuswantara ana kang gawe adha-adha gawe crah kerukunane warga nagara.
Mangkono sithik pamawas saka panulis mbokmenawa para nupiksa bisa njupuk werdine panulisan iki, muga kabeh tansah nemu basuki rahayu saha kabagyan awit sih wilasane Hyang Murbeng Rat.
Nuwun.   
   

No comments:

Post a Comment