Wednesday, February 8, 2017

Kemplinthi




Bocah kok kemplinthi...
polahmu ngisin-isini, lagakmu kaya priyayi,
dithuturi terus nyauri, diwuruki anggepe ora wigati,
iki kudune ngene, ora mbok lakoni,
kui kudune ngono, lha malah disingkiri”.

Dasar bocah kemplu,
sajake kemplunthu,
pakartimu wagu,
ora panthes dinulu,
iku tingkah sing saru”.

Kemplinthi iku bocah durung wasis rumangsa bisa. Biasane bocah kang mangkene banjur kemplunthu, ucape ora kena digugu, sajak yak-yakko, rumangsa sembada, buntute gawe gela, gayane kaya bisa ngempukake watu gilang. Mesti bae pungkasane banjur kewirangan, kisinan, kakehan umuk nanging ora gathuk, tembunge sak gunung, polahe kaya mbilung, oalah.... cah gemblung.... cah gemblung.  
Ora ngemungake bocah cilik kang senengane kemplinthi, bisa uga wong wus dewasa durung pono rumangsa bisa, lakune tanpa guna, dikandanana ngenteake sabak, ya banjur muspra. Kabeh ora digatekake, kabeh ora dirasa. Dikira apa kang ditindaake iku wus paling sampurna, nganggep wong liya dudu apa-apa. Banjur apa bae kang beda dianggep ala, dianggep ora ana, kabeh kudu manut karepe salira.
Wong kemplinthi iku wong kemplu, lakune kemplunthu, kabeh lakune ora bisa digugu. Ngendikane banther, kempros, drowos, kabeh mung nggedebus, kothong mlompong, isine mung omong.
Sejatine ukara ing nduwur iku mung nggambarake pakartine wong cubluk nanging ora gelem sinau samubarang kanthi bener. Pawongan kang kayamangkene iki ijih akeh, tundhone uripe dadi susang-sarik ora karuwan genahe. Wong kang ndleya kaya mangkene bakal kagelan ing yuswa tuwane. Wayahe sinau ora digunaake kanti becik, kepara digawe sembrono, tanpa guna, uripe di sia-sia.
Wong kang mangkene dumunung ana ngendi bae, bisa ana kutha bisa ana ndesa. Iku watak kang ora prayoga, wong cubluk, bodho longa-longo kaya kebo. Wong kemplinthi iku biasane kesed, wegah tumandhang, geleme kabeh kang gampang, pikire cupet, rasa pangrasane cunthel.
Biasane wong kemplinthi, kesed, wegah nyambutgawe kanti mawarna-warna alesane. Esuk wayahe makarya “ijih esuk, ijih adem”, banjur ora makarya, awan kudune nyambutgawe, “panas banget”, banjur ora makarya,“aku luwe banget” banjur ora nyambutgawe, yen wus mangan “aku wareg banget” banjur ora nyambutgawe. Banda kang wus ana banjur enthek, wektune kang ana diguwak sia-sia. Apa kang wus ana bisa sirna, yen ora digawe tumata urip iku kabeh bisa muspra.
Ibarate nandur pari, kudu diopeni kanti premati, di watun, dijupuki suket kang thukul, dijupuki walang sangit lan walang ataga, kang ngganggu tandhuran. Yen wus woh banjur dipanen, disimpen kanti premati, ana lumbung kang peni. Dipepe bisane garing, ora diumbrukake ana njogan, kudu sinimpen ana lumbung padharingan.
Rejeki kang wus ana, separo dienggo pangupajiwa maneh, dadi modal, seprapat disimpen lan digunaake yen ana sedulur mbutuhake pambiyantu lan bisa weweh, seprapat digunaake kanggo mangan samben ndino. Iku wujud rasa syukur mring Hyang Murbeng Jagat. Nyimpen kanti gemi nasti wujud panarima ing pandum kang bener. Semana uga urip ana ndonya, kudu sregep sinau apa bae, kudu sregep nyambutgawe kanti temen, rejeki kang nglumpuk disimpen kanti premati, ora ubra-ubru, digunaake kanti samadya, ora entuk siji ngguwak sepuluh. Urip iku kudu nastiti ngati-ati, ora kena digawe sembrana.
Iki lagi urip diri pribadi, nyambutgawe kanti temen, supaya bisa pikoleh rejeki kang akeh kudu pinther, mursid ing ngelmu, trampil ing karya, jujur ing rasa. Iku jenenge manungsa utama. Wujud panembahe kang bener, sakliyane ndedonga maca japa mantra lan ayat suci, nindaake sembahyang puja lan puji, nyenyuwun mring Hyang Widhi, murih kabeh lestari, basuki nemah ing wuri.
Wujude ora bisa iku amarga ora gelem sinau samubarang, yen gelem sinau sejatine kabeh manungsa bisa. Bisa lan orane mung gumantung pangupaya, lan marsudi kabeh pakarti kang kudu dileluri. Mulane supaya ngerti kabeh ngelmi, ana papat daya pangupaya kang kudu dipersudi ing batin diri pribadi yaiku; siji nduwe pangrekadaya pikiran ala kang wus ala bisa sirna, loro ngrekadaya pikiran becik kang durung ana bisa tuwuh ing ati lan pikir, telu ngrekadaya aja nganti thukul pikiran ala, kaping papat ngrekadaya njaga pikiran kang becik kang wus ana ing ati lan pikir ora ilang.
Pakari sinebut bener iku nduweni prasyarat kang ora bisa dikalahake dening apa bae, pakarti bener iku siji pakarti kang ora gawe kapitunane diri pribadi, loro ora gawe kapitunane liyan, dene pakarti kang ora agawe kapitunane liyan nanging agawe kapitunane diri pribadi iku sinebut pakarti luput, saya maneh pakarti ora gawe kapitunane diri pribadi nanging gawe kapitunane liyan genah iki pakarti kang luput.
Kui bener, kui pener, samubarang kang ora gawe kapitunane diri pribadi lan liyan. Kawiwitan saka pamikir lan pangrasa kudu becik lan bener, sakabanjure pangucap pacelathon kudu beneer lan becik, katelu pakarti solah bawa uga kudu bener lan pener.
Ucap kang luput iku siji goroh, loro mitenah, telu omong kasar lan saru, papat omong nggedebus ngutha waton tanpa guna. Dene ucap kang bener iku pangandikan kang siji kudu bener apa anane, loro pas wektune/empan papan pangandikane, telu pangandikan kang ana paedahe, papat pangandikan kang bisa nentremake kang midangetake.
Dene pakarti utawa tumindak kang bener iku ana gandheng cenenge karo pakaryan luru rejeki. Siji ora dodolan utawa gawe barang kang bisa mateni, gegamanan lan sanjata, loro ora dodolan lan gawe barang awujud wisa daru besi, racun, telu ora dodolan panganan saka asil mateni mejahi ngalarani, nyiksa titahe Gusti, papat ora dodol ngelmu nujum, ramalan lan pangira-ira kang ngandaake mbesuk bakal mangkene, kono bakal mangkono lan sakpanunggalane, lima ora dodolan sato kewan lan manungsa (kanggo klangenan lan perbudakan). Yen pakarti iku ditindaake mestine sakliyane gawe kapitunane diri pribadi uga gawe kapitunane liyan janma. Kabagyan kang digoleki malah kepara tangis panalangsa sangsara kang ditemoni.
Iki lho syarate sinebut titah manungsa dudu sato kewan utawa jim setan periprayangan, siji ora tumindak agawe pepati, marang kabeh titah, loro ora njupuk sambubarang darbeke liya sing ora diwenehake, telu ora tumindak sedeng laku zina ngrusak pager ayu, papat ora goroh, ngapusi lan mitenah, lima ora dahar lan ngunjuk ngang ngemu wisa daru beksi, maraake ilange pangeling, mendhem lan wuru.
Iku syarat sinebut manungsa, ana titah kang wujud manungsa nanging pakarti kadya sardula, semana uga ana titah kang awujud sato nanging tumindak kayadene dewa. Dilairake dadi manungsa iku sawijine kanugrahan saka Hyang Murbeng Rat, ora ujug-ujug utawa kleru, kabeh wus lumaku kaya apa kang kudu dinulu. Mula ana paribasan, angele dilairake dadi manungsa yaiku, kaya bulus wuta ing satengahing samudra, kudu bisa mlebu bologan dom kang dicemplungake. Angel lan rumit banget, kaya ora sakbaene, kudu mbutuhake kekuatan adi kodrati. Nanging ana bulus kang bisa. Tandane akeh manungsa kang lahir ing alam ndonya.
Mangkana pamawasku tumrap kemplinthi pakartine manungsa kuwi. Ora bocah ora wong tuwa, kang ora bisa nanging ngaku wes pono, pakarti kang ora bisa dadi patuladhan, kudu disingikiri. Sejatine kabeh bisa ditindake nanging kudu sregep, gemi nastiti ngati-ati. Kanggo mungkasi artikel iki ayo pada tetembangan kaya ing mangisor iki;

“Ayo tata-tata, iki wes wayahe
Ayo pada mulih mlaku bebarengan,
Yen wes tekan omah nuli yambutgawe
Rewang wong tuwane, nganti mbesuk gedhe”

(petikan ukara lagu ing nduwur ndisik biasane ditembangake yen wayahe sekolah bakal bubaran)
Erenge Merbabu, 6-2-2017
Panulis

No comments:

Post a Comment