Tuesday, January 17, 2017

Unggah Ungguh Basa Jawa

Wong Jawa iku nduweni basa kang beda tinimbang basa liane, ana trap-trapane naliko dikanggoake, nanging saiki cak-cakane wus ngalami degradasi, kui ora aneh amarga kena pengaruh basa saka manca. kepara wong Jawa saiki akeh kang ora bisa ngucap pacelaton migunaake basa Jawa kanti bener lan pener.

Wong Jawa kang isih mapan ana tanah Jawa bae trap-trapane wus sungsang sarik ora karuan, malah bisa di pirsani ana ing pawiyatan kawiwitan saka sekolah dasar/ elementary school, saya maneh ing tataran perguruan tinggi, basa Jawa malah bisa diarani ilang, sanajan isih dienggo nanging wes ora karuan genahe.

Ana kang kena pengaruh pasrawugan, ana kang amarga pendidikan semana uga amarga gengsi, isin ngakoni utawa nganggo basa Jawa, isin yen diarani wong ndeso, kampungan, lan wong udik. Yen ora amarga keimanan kang "membuta", jare yen ora nganggo tembung ke arab-araban ora ketok yen wong beriman, tuladhane yen nyeluk bopo biyunge ora nganggo ibu bapak kearab-araban, nanging umi, akti, kebarat-baratan mamih - papih, ke cino-cinoan papah mamah, kesunda-sundaan emak abah, wus isin nyeluk bapak, simbok, biyung lan sakapanunggalane.

Luwih ngguyoake lan gawe lingsem yen ana ing pasrawungan, ora mangerti trap-trapan unggah ungguh basa Jawa, Tuladhane ukara kang luput lan kerep diucapake dening pawongan kang sok sopan, kayadene mangkene;   

               - kulo dahar rumiyin
               - kulo badhe siram,
               - kulo sare rumiyin,
               - kulo badhe maringi arto 

  lan sak panunggalane.

 Basa Jawa iku yen di pilah manut trap-trapane, unda usuke basa kawiwitan saka ngoko lugu, ngoko alus/andhap, krama lugu, krama inggil/alus, krama kedhaton. Iki katrangane basa manut tatarane yaiku: 

1.    Ngoko lugu 

       Basa ngoko lugu digunakake menawa :
a)      Yen lagi ngunandika.
b)      Sapepadha sing rumaket / kanca sebaya.
c)      Wong tuwa marang wong enom / anak-anake.
d)     Bapak Ibu Guru karo muride.
e)      Bendhara karo kacunge.
Tandha-tandhane basa ngoko lugu:
1)      Tembung-tembunge ngoko kabeh.
2)      Wong sing gunem nyebut awake dhewe “aku”.
3)      Wong sing diajak guneman nggunakake tembung “kowe”.
Tuladha :
·         Apa bapak sida nonton bal-balan.
·         Kowe arep lunga menyang ngendi?
·         Kowe mengko apa sida teka ing omahku?
·         Renea dhisik ana perlune.
·         Aku lagi mangan sega ing dapur.
·         Kowe mau kandha jare ing kene ana tukang cukur sing pinter.
·         Yen kowe duwe, aku arep nyilih bukune.
·         Aku njaluk tulung, gawekna layang ulem.
·         Kowe apa gelem nuku sepedhaku?
·         Mas aku nyilih layangmu wacan.
·         Apa kowe wis weruh ibumu? Manawa bapakmu wis teka?
·         Aku kudu manut pakone Bapak, supaya Bapak seneng atine.
·         Aku sekolah ana ing SMK.
2.      Ngoko alus / ngoko andhap
Basa ngoko alus yaiku basa kang wujud tembunge ngoko karo tembung krama inggil (tembung kriya, tembung sesulih purusa lan perangane awak). Ater-ater lan panambange tetep ngoko.Basa ngoko alus digunakake dening :
a)      Wong tuwa marang wong enom sing diajeni.
b)      Wong sapepadhan ing perkumpulan sing wis rumaket.
c)      Guru marang tilas muride sing wis kulawarga.
d)     Ibu marang Bapak ing omah.
e)      Kanca karo kanca sing wis suwe ora ketemu padha pengin ngurmati.
Tandha-tandhane basa ngoko alus :
1)      Tembung-tembunge ngoko kacampuran krama inggil kanggo pakurmatan.
2)      Wong sing gunem nyebut awake dhewe “aku”.
3)      Wong sing diajak gunem nggunakake tembung “panjenengan”.
Tuladha :
·         Aku ora ngerti daleme Pak Jarwo.
·         Apa bapak sida mriksani bal-balan.
·         Panjenengan arep tindak ngendi?
·         Semahe panjenengan nyambut gawe ing endi?
·         Kula arep nyuwun pangapunten marang sampeyan.
·         Wah Mas Lurah sida mundhut mobil ta?
·         Mas Anto daleme ngendi ta?
·         Pak panjenengan dhahar disik yo!
3.      Krama lugu
Krama lugu yaiku basa kang wujud tembunge krama kabeh. Ater-ater di dadi dipun, panambang e,ane, dadi ipun utawa nipun. Basa krama lugu digunakake dening :
a)      Kenalan anyar ing ngendi panggonan.
b)      Kanca karo kanca sing durung akrab.
Tuladha :
·         Aku tilem wonten kamaripun simbah.
·         Bibar nedha kula dhateng sampeyan mila ampun tilem riyin.
·         Nggih, nanging duginipun ampun sonten-sonten.
·         Kancaku lunga dhateng Surabaya nitih motor.
·         Andi wau sanjang piyambakipun mboten saged dugi.
4.      Krama alus
Basa krama alus yaiku basa kang wujud tembunge krama karo tembung krama inggil (tembung kriya, tembung sesulih purusa, lan perangane awak). Ater di dadi dipun, panambang e, ane, dadi ipun, panambang ake dadi aken.Basa krama alus digunakake dening :
a)      Wong enom marang wong tuwa / anak marang bapak ibune.
b)      Murid marang gurune.         
c)      Pembantu marang majikane.
d)     Ngomong ing sangarepe wong akeh.
e)      Ndonga marang Gusti Allah.
Tuladha :
·         Menapa bapak saestu mriksani bal-balan.
·         Ibu kondur saking peken.
·         Simbah nembe gerah waja.
Mangkono babagan  unggah ungguh basa Jawa muga bisa ana mupangate kagem para
nupiksa kabeh.

Salam Rahayu

1 comment: